Rabu, 26 Mei 2010

antologiPARIKAN


 

Sore-sore bali meng umah

Weteng kroncongan kudu mangan

Timbangane nganggur ora genah

Mendingan ayo pada maca parikan


 

Mlaku-mlaku maring dermaji

Mlakune neng pinggir kali

Dadi bocah sing sregep ngaji

Mengko gede dadi kyai


 

Sidayat kaya sipasha

Sikomar kaya jaja miharja

Ora shalat ora puasa

Ing jero kubur mengko disiksa


 

Maring pasar tuku lombok abang

Tukune ning pasar surusunda

Dadi bocah seregep sembahyang

Nang akherat mlebu surga


 

Tuku rempah sing arane cengkeh

Diwadahi nganggo godong

Nek pengin batire akeh

Dadi wong aja sombong.


 

Tuku tempe karo tahu

Tukune neng pasar cimanggu

Dadi bocah sing sregep sinau

Mengko gede jadi pakguru


 

Makan donat tambah roti

Mangan tahu dicampur tomat

Sing sregep sholat lan ngaji

Kanggo sangu donya akherat


 

Menyang Jakarta golet duit

Numpake mobil Budiman

Maring batire aja pelit

Mengko gede jadi seduluran


 

Bocah-bocah pada dolan

Maring kali ngguyang kebo

Parikan kiye parikan pilihan

Sing nggawe ya bocah-bocah TMO


 

Antologi kuwe artine kumpulan utawa koleksi. Kabeneran pak Sukono aweh marang krumading tugas Parikan sekang bocah-bocah ngganteng TMO.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar